Kelas 10: Tugas Artikel
Nglestarekake Basa Dhaerah
Telung
dina melu Kongres Basa Dhaerah sa-Nusantara ing Bandung, 2-4 Agustus 2016, Jaya Baya ketemu kanca-kanca nunggal
nasib. Sapepadhan kanca kang ambyur ngrungkebi basa, sastra, lan budaya
dhaerah. Ora mligi kang ngrungkebo basa lan budaya Jawa, nanging uga kepethuk
kanca kang ngrungkebi basa Sundha, Lampung, Minang, Batak, Bali, Sumba, Dayak,
Bugis, Halmahera, Lani (Papua), lan akeh maneh liyane.
Padha
mbeber pengalaman lan crita lelakone dhewe-dhewe, kang jebule meh padha wae.
Kang wose kabeh-kabeh nyambatake saya surute basa dhaerahe, merga kadheseg basa
Indonesia lan basa Melayu lokal saben dhaerah. Kamangka basa mono ora mung
sadrema dianggo pocapan padinan, nanging nggembol kabudayan sarta kearifan
lokal kang didarbeni saben etnis suku bangsa. Yen sawijining basa cures,
istingarah cures uga budaya lan kearifan lokale. Yen adat budayane wis cures,
identitas apa maneh sing bisa dianggo nengeri sawijining suku? Tundhone, yen
basane mati, ateges suku kasebut bakal cures pisan.
Mangka,
manut panaliti, ing donya iki saben 10 dina pisan ana basa siji sing cures,
ilang saka lumahing bumi. Klebu ing Indonesia, kang wektu iki darbe 726 basa
ibu. Akehe basa ing negara kita mau kena diarani sawijining kasugihan lan
kaunikan mirunggan, nanging uga bisa nggawa memala. Awit, akehing basa ateges
akehing suku kang darbe identitas dhewe-dhewe, yen ana kurang penere gampang
nuwuhake bibit-bibit disintegrasi.
Ewa
semono kabeh sarujuk, 726 basa mau kudu digondheli nyawane. Senajan ta, ing
antarane basa-basa mau, ana basa kang cacahe penuture mung kari wong papat. Tur
wis tuwa-tuwa!
Akeh
kang darbe gagasan padha, salah sijine cara kanggo ngurip-urip basa ibu utawa
basa dhaerah mau, kanthi cara ndadekake basa mau basa pengantar pendhidhikan
dhasar, ing tataran PAUD, TK, lan SD nganti klas telu. Bubar ngono, wiwit klas
papat lagi nggunakake basa pengantar basa Indonesia. Kaya jaman sadurunge taun
1970-1n biyen.
Kaya-kaya
gagasan mau pancen tinemu nalar lan gampang dileksanani. Ewasemono jebul ana
panduwa, mligine saka wakil-wakil dhaerah Indonesia wetan. Wong-wong mau ngajak
ngulur gagasan ngenani kanyatan kang ana. Ing antarane: ing Indonesia wetanan
iki, bisa wae saben desa duwe basa dhewe. Lan saben desa iku dikuwasani dening
raja sing beda-beda. Sipate raja, mesthi wae ora gelem diasorake dening
raja-raja liyane.
Lha
yen arep nggunakake basa dhaerah minangka pasa pengantar ing sekolahan, basa
dhaerah saka desa endi sing kudu dipilih? Banjur warga desa liya piye? Apa
gelem narimakake? Apa gelem nyinaoni lan nggunakake basa dhaerah tanggane sing
dipilih dadi basa pengantar? Yen padha ora gelem, banjur piye? Apa iya kabeh
basa didadekake basa pengantar ing dhaerah dhewe-dhewe?
Upama
ngono tenan, apa mesthi ana utawa nyukupi cacahe guru sing bisa mulang nganggo
basa saben dhaerah kasebut? Banjur buku-buku pelajaran sekolah, apa iya kudu
dicithak nganggo 726 basa kang beda-beda? Gek mendahneye ribeda, lan kapan
rampunge?! Tetela pancen ora gampang ngurus negara kang jembar lan bhinneka kaya negarane dhewe iki.
Mamula
bener yen nglestarekake basa lan budaya dhaerah iki ora bisa yen mung njagakake
pamarentah (pusat). Warga dhaerah dhewe kang kudu gelem cancut, kaya kang
ditindakake Ajip Rosidi ing Sundha, Afrida Erna Ngato ing Halmahera.
Jaya Baya edhisi 51
Komentar
Posting Komentar