Kelas 10: Wacan Carita Cekak

 Mangga maca carita cekak iki kanggo mangsuli pitakenan ana ing link sarampunge maca cerkak!

BAPAK POLAH ANAK KEPRADHAH

Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi JL kuwi kaya timun mungsuh dhuren!” meh sewulan kepungkur, Ali manek-manekake ngudhari apa kang bruwet ing sirahe menyang bapake.

“His, cah cilik apene nguyuhi wong gerang! Kowe kuwi ngerti apa? Apa ko­we ngerti yen penduduk kampung kene iki wes bosen dipimpin kulawarga iku-iku wae. Apa sakkampung kene iki ora ana wong sing pinter, sing bisa mimpin desa? Mosok pirang-pirang taun kursi lurah kok diungkeri cindhile dhewe wae,” saute bapake Ali sengol.

Alise tepung, bathuke njengkerut, Ali ora wani nyawang raine bapake. Dheweke milih mbenakne sarung lan ko- pyahe, kaya terus gage arep budhal nyang masjid, kamangka adzan isya’ isih seprapat jam engkas.

“Bapak ki ya mikir masa depan. Mo­sok lakon mung leren ndhuk bayan. Ba­pak ya pengin dadi lurah. Sapa ngerti, limang taun engkas ana partai sing nglirik ndadekake bapak caleg. Saiki wae akeh mantan lurah sing nyaleg. Mantan lurah kidul kali kae! Terus sing tau nyelangi bapak mesin brujul kae, taun iki nyaleg DPRD,” sambunge bapake Ali kanthi semangat.

Kelincipen. Meh wae ukara iku mlum- pat saka lambene Ali. Ning, nyawang raine bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah sing dikojahake bapake mau pancen wong-wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang hektar, sapine kang diparon-paronke mblasah neng ngendi-ngendi. Malah mantan lurah kidul kali kuwi duwe anak-duwe mantu pegawe bank. Nyendal dhuwit satus rong atus juta paribasane suwe mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehem thithik akeh caire.

Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sak ilat, nanging mbokya bapake ki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki mawabeya, jarene. Ingjaman kebakpitu- kon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku dhisik sakdurunge diduweni. Pengin dadi pe-en-es wae kudu tuku. Pengin dadi artis ya kudu tuku. Pengin dadi prangkat desa saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah? Apa maneh dadi caleg? Ali asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudu sangu rekomendasi sakapartai. Kamangka rekomendasi kuwi isane mudhun yen disenggek sik nganggo dhuwit kang ora sithik.

“Saiki bapak takon, Li. Sejatine kowe ki ndhukung karepe bapak tah ora? Amarga ket wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati melu-melu me- lekan, ngrukuni tim sukses-e bapak, uga ngrewangi ibumu lan wong-wong ing pawon...” Ali ora gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja. Lamat-lamat swara adzan isya’ saka masjid wi­wit mampir ing kuping. “Yen bapak ke- penak uripe, ibumu, kowe, lan sedulur- sedulur liyane rak ya melu ngrasakne ta, Li?”

“Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit kraos yen kentun pelajaran sekolah gara-gara asring melekan,” saute Ali meh ora keprungu.

“Haiyah. Pinter pelajaran kuwi gawe apa ta. Sekolah kuwi sing penting rak ya ijazahe. Mosok mengko yen awakmu keija ditakoni bossmu, mbiyen rangking pira? Sekolaha pinter sundhul wuwung, yen ora duwe bandha, ora duwe koneksi, ya mlayune kerja nang pabrik,” ba­pake Ali nyedhot rokok rokoke kretek karemane kanthi nikmat. Keluke disebulake saka irung, saka lambe. Dheweke unjal ambegan. Ora landhung. “Bapak direwangi temenan ya, Li!” jaluke ba­pake alus kambi ngepuk-epuk pundhake anak mbarepe sing ngancik klas telu es- em-akuwi.

“Kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. Haha-haha...” guyune bapake Ali keprungu kaya gludhug ing mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe Mas Hadi, rivale bapake Ali kang mung dipisahake dalan.

Ali mesem kecut. Swara adzan isya’ ing masjid digawe pawadan dening Ali kanggo ngoncati guyune bapake sing suwe-suwe memper guyune Dasamuka iku. Jangkahe Ali ninggal bapake ing ruwang tamu kang wiwit rame dening para anggota tim sukses pilkades. Nggelar koordinasi lan koordinasi.

“Ropat-rapat, ngopa-ngopi, udad-udud, kapan nyambut gawene?!” grenenge Ali jroning ati, kambi nyincing sarunge kang wis masem.

* *

PINDHA layangan tanpa tali kang kagawa angin menyang ngendi-ngendi, Awake Ali krasa entheng. Ngleyang. Pindha rante sepedha kurang oli, balungan awake Ali nyuwara pating kriyet nuduhake nemene kesel. Ali kang nduweni awak ngiyeyet kuwi kaya-kaya kari balung karo entut amarga karameyan ing omahe saben wengi. Ali nyelehake bokonge sing tepos ing bangku kelas. Kelas isih sepi, iki mau dheweke gage budhal sekolah sakdurunge keri kaya wingi gara-gara ngrewangi ibune nyepakake suguhan kanggo dhayohe Bapake sing rina-wengi ngleset ing teras omahe.

Ali pancen jan kesel sakpol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke kurang turn amarga karepe bapake. Ba­pake kang wis mataun-taun pinercaya penduduk kampunge jejer bayan iku nduweni karep kang luwih. Karepe ba­pake Ali iku ora kena sinangga entheng kanggone Ali sakgotrah. Dheweke pengin macung lurah jroning pilkades taun iki. Keneng apa ora kena sinangga entheng? Amarga kang dadi mungsuhe kuwi lurah dhongkol kang kena diarani isih trailing kusuma rembesing madu.

Ali ora isa nrima ngono ae, bapake wani mungsuh Mas Hadi kang taun wingi njabat lurah, nerusi kangmase ipe. Kamangka, lurah ing kampunge Ali sak­durunge kangmase ipene Mas Hadi ku­wi bapake Mas Hadi dhewe. Hapa hora abot?

Ambegane Ali krasa jero. Mripate katon abang. ora merga lara mata utawa kesurupan. Mripat abange Ali iku merga olehe kurang turn. Kamangka semester ganep kelas telu es-em-a kuwi padha karo palagan pungkasan kang nemtokake dheweke bisa nganthongi ijazah sekolah utawa kudu ijazah Kejar Paket C. Pancen pamarentah wis aweh solusi alternatif, saumpama bocah sekolah kaya Ali iku ora lulus UN bisa melu ujian Kejar Paket C. Ijazah kuwi bobot lan kasektene padha kanggo kuliah utawa luru penggaweyan. Ning, mosok telung taun nganggo badge sawijining sekolah, tapi ijazahe muni seje.

Ana bocah lanang arambut kriting satus persen mlayu kesusu mlebu kelas. Tanpa tolah-toleh, njujug bangkune te­rns tase gage didhudah. Mripate ora nyenggol Ali kang luwih dhisik lungguh ing bangkune. Kliwat lima-sepuluh menit lagi dheweke sadhar yen kancane sing ngiyeyet kuwi lungguh ora adoh saka lungguhe.

“Lho, Li!! Budhal bareng buyaran maling tah iki maeng?”

“Ora. Bareng Yu Dah mulih kulakan ka pasar,” saute Ali lemes.

“Lambemu... Ra sah nyandhak-nyandhak wong tuwa, Li!!” bocah lanang arambut kriting satus persen kuwi rada mbesengut. “Eh, kowe wis nggarap tugas Biologi?” Ali gedheg isih lemes. “Mbujuk. Kuwatir aku nyonto, se! Senadyan aku durung nggarap, pantang gawe Wargiyo ndhemek-ndhemek njaluk sih kawelasane liyan. Nanging... Yen ditawani ya ora nulak. Hehehe....” bocah la­nang arambut kriting satus persen kang tibake nduwe jeneng Wargiyo lan anake Yu Dah kuwi ngembang tebu.

Ali ora nyemauri guyonane Wargi­yo. Awake kang lemes isih sendhenan neng kursi tanpa daya. Mung lambene kang mesem. Alon-alon, dheweke uga ndhudhah isen-isene tase. Buku dhiktat Biologi kang kandele sakgadarujakpala menthungul saka tas mblawuse. Ora suwe, dheweke uga ndhingkluk konsentrasi menthelengi bukune.

Guyune Wargiyo pecah. Semburat neng tembok, bangku, papan, uga etemit ruwangan klas. Nalika guyune tapis, “Durung nggarap tugas kok ora gupuh bias, Li?!”

“Aja maneh Biologi, Yo. Tugas Bahasa Inggris, Matematika, lan Bahasa Indonesia ya durung dakjawil bias. Ora kober!” swarane Ali alon.

“Bapakmu sida macung?” Ali man- thuk isih lemes.

Ora suwe, siji-loro kanca-kanca sak- klase Ali wiwit teka. Ruwangan klas kang maune samun wiwit gumerah. Kayadene pasar manuk kang nembe bukak, pating clebung ukara kang mblabar jroning ruwangan iku. Luwih-luwih kanca-kanca wadone Ali, ana-ana wae sing diomongake bocah-bocah wadon nggawe rok abu-abu kuwi.

Swara pating cruwet guyonan lan rasan-rasan kang mili ninggalake Ali sing saya ora keprungu abane. Swara pating cruwet kuwi sak kal dadi pating j lerit nalika manoni Ali rubuh saka bang­kune. Awake adhem njejet. Mripate merem dhipet. Kringet sakjagung-jagung ndelewer ing bathuk, pilingan, uga gulune. Ali kang nduweni awak ngiyeyet kaya-kaya kari balung karo entut kuwi rubuh semaput.

* *

IBUNE Ali nangis ngguguk ing sisih dipan klas telu sawijining rumah sakit ing kuthane. Cebloke banyuudan sanjabaning rumah sakit ora ngalahake cebloking luh saka mripat wadon separo umur kuwi. Kambi ngelus-alus bathuke Ali kang isih durung sadar saka semapute, Ibune Ali mbisikake ukara-ukara kebak rasa asih ing kupinge Ali. Wong wadon kang sedhela engkas mungkin wae bisa diundang kanthi paraban Bu Lurah kuwi ngekeb-ngekeb anake lanang mbarep kuwi kanthi sewu rasa.

Bapake Ali ngadeg nggejejer sambu- rine. Mripate kaca-kaca. Meh sedina muput Ali durung paja-paja sadhar saka semapute. Dhiagnosise dhokter kang ngabani yen Ali kena typhus, krasa kaya lumpang watu nibani dhadhane, nge- lingi Ali iku duwe gawan bayi yaiku lemah jantung. Mripate bapak kang ngimpi dadi lurah terus nyaleg kuwi saiki ke­bak dening eluh. Senadyan ora nganti ceblok, ana separo atine kang nggetuni olehe adreng macung lurah nganti ora nyawang kanthi temen apa kang tumempel ana anggane. Termasuk anak lanang kang ginadhang isa riyulihi jenenge wong tuwa ing dina tembe iki.

Ana rasa getun nalika kelingan anggone ngguyoni Ali kanthi malik paribasan lawas, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. Na­nging wengi iki tanpa guyu ndasamuka kaya wingi. Ing njabaning rumah sakit, udane saya deres.

Dening Anjrah Lelono Broto

(Kapacak ing JB No. 37 taun 2014)


Presensi lan Gladhen ana ing ngisor iki:

Link presensi lan gladhen

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 8: Struktur Teks Wawancara

Kelas 7: Teks Narasi Wayang

Kelas 8: Cerita Cekak (Cerkak)