Kelas 9: Teks Drama Tradisional (Jaka Tarub)
Jaka Tarub
Sawijining dina, udan sing maune deres banget saiki wis mandheg. Swasana sore wis katon padhang. Ana kluwung njedhul ing sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik yen ana kluwung mratandhani yen ana widodari mudhun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nanging bener lan orane ora ngerti. Suwe ning suwe sumribit ana ganda wangi banget. Swarane kumrincing saka kulon.
ADEGAN 1
Byur …byur
Widodari abang : Senenge ya dhi bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan, wis seminggu ora adus, awake padha pliket kabeh
Widadari Jambon : Pancen leres mbak yu, pancen seger
Widodari Kuning : Hla inggih mbak yu, pancen toyanipun sendhang ngriki seger banget
Widodari Ijo : Pancen leres pamanggihipun mbak yu lan adhiku kabeh sendhang ngriki sumber kang ora bisa asat amargi toyanipun kang sampun kawenthar segere.
Widodari jingga : Nanging kita kudu ngati-ati, sampun ngantos konangan dening manungsa.
Widodari wungu : Leres ngendikanipun kakang mbok jingga menika, upami konangan manungsa bisa bubrah kahanane.
Widodari Biru : Sampun kuwatir kakang mbok, manungsa boten nate lunga ngriki. Jalaran sendhang banyu ora asat ngiki dianggep minangka papan kang wingit.
Widodari nila : Inggih kakang mbok sedaya dipunsekecakaken menawi siram.
ADEGAN II
Ana ing empere omah, Jaka Thole lagi leyeh-leyeh. Kadadak Jaka Tarub tekan karo nyuwara.
Jaka Tarub : Le..Le..Le..
Jaka Tole : Ana apa? Aku ora budheg.
Jaka Tarub : Wetengku lara banget, mules banget ayo kancani aku neng kali.
Jaka Tole : Jan…wis gedhene semono, neng kali wae ngajak ngeterke.
Jaka Tarub : aja ngono ta, wong mung ngancani wae kok wegah ta.
Jaka Tole : Wis budhala dhewe.
Jaka Tarub : Ya wis yen pancen ora gelem, aku budhal dhewe.
ADEGAN III
Ing Kali
Jaka Tarub : “Pancen lega yen wis dibuwang ngene iki, ning ambune kok wangi saka kulon apa iki? Kok wangine beda?” (Jaka Tarub nginguk samburine grumbulane suket teki)
“Apa aku ora salah weruh? Ana widodari padha adus, ayu banget. Piye supaya aku bisa nduweni salah siji? (Jaka Tarub nyolong slendhang jambon)
ADEGAN IV
Widodari ijo : Kakang mbok, manga kula aturi enggal minggah dhateng kahyangan malih
Widodari Biru : Kakang, kula taksih kapengin wonten ngriki.
Widodari Kuning : Sampun mangkono kakang, manga kula dherekaken bali.
Widodari Jambon : Inggih, kaakng. Enggal-enggal bali, mengkin rama duka. Hloh…kang mbok wonten pundi slendhang kula..
Widodari Jingga : Panggonane mau ana ngendi adhi?
Widodari Jambon : Kula salap ngriki kang mbok kala wau (Kandhane Widodari Jambon wis kekembeng luhe)
(Suwe olehe nggoleki slendhang, nanging ora ketemu. Pungkasane)
Widodari Abang : Adhi Jambon, tulung sampeyan nyaketa marang aku, slendhangmu ora kaweruhan ilange ana ngendi. Aku lan kakang mbokmu liyane kudu bali adhi…aku njaluk sepur..(Kabeh widodari padha tangisan, mesakake nasibe Jambon, pungkasane widodari kabeh padha mabur)
Widodari Jambon : Kang mbok, aja ninggalke aku..(Jambon nangis lan sedhih banget)
ADEGAN V
Widodari Jambon ngrasa nelangsa uripe, kanthi tidha-tidha Jaka Tarub teka dadi pawongan kang nulung Jambon
Widodari Jambon : Hik…hik..hik..slendhangku ana ngendi? Rama..Ibu…kepriye iki….”
Jaka Tarub : Cah Ayu, sapa sampeyan? Lan kena ngapa nangis ing kene, ora usah wedi, aku Jaka Tarub pamudha ing desa kene.
Widodari Jambon : Kula widodari Jambon. Slendhang kula ical, saengga mboten saged bali menyang kahyangan.
Jaka Tarub : Dadi larah-larahe kaya mangkono? Yaw is ora dadi ngapa ayo meluwa aku wae.
Widodari Jambon : Matur nuwun sinuwun, kula ndherekake
ADEGAN VI
Para widodari sing bali ing kahyangan bali mudhun ing bumi, amarga diutus dening Raja supaya nggawa Nawang wulan bali menyang kahyangan.
Widodari Jambon : Kakang mbok…(ngrangkul dulur-dulure) bab menapa ingkang njalari sedaya sami ngriki
Widodari Abang : Adhiku Nawang Wulan, kakang mbokmu kabeh mrene saperlu nggawa bali kowe ing kahyangan, rama wis titah mangkonom yayi..
Widodari Jambon : Kula kapengin bali kang mbok, nanging..
Widodari Nila : Nanging apa yayi?
Widodari Jambon : Kula sampun gadhah sisihan lan putra wonten ngriki kang mbok?
Widodari Biru : Aku ing kene diutus keng Rama supaya nggawa bali awakmu ing kahyangan. Apa awakmu ora mesakake Rama?
Widodari Ijo : Apa anggone kakang mbok kabeh mrene iki siya-siya adhi?
Widodari Jambon : Mboten mekaten kang mbok…Kula mboten saged ninggalake raka lan putra kula
Widodari Kuning : Yen mangkono kekarepanmu yayi..aku lila lan melu seneng yen awakmu seneng ing kene.
Widodari Jambon : Matur nuwun kang mbok, sampun pangerten dhateng kula.
(Pungkasane para widodari kabeh padha bali, senajan Nawang Wulan ora gelem bali)
ADEGAN VII
Jaka Tarub : Bu, tulung digawekake kopi.
Widodari Jambon : Inggih, sekedhap Pak.
Jaka Tarub : Pancen rejeki ora bakal mblenjani, yen aku ora njupuk slendhang kae uripku ora bakal kapenak kaya mangkene. Ning aja nganti nawang ngerti.
Widodari Jambon : kok remen banget kopi ta Pak? Saben dinten kopi.
Jaka Tarub : Ya ora ta yayi,
Widodari Jambon : Oh inggih Pak, wosipun telas
Jaka Tarub : Dhek wingi dikirimi Jaka Tole beras, coba ditiliki ing lumbung. (Jaka Tarub lali yen dhelikake slendhange Nawang Wulan ing lumbung)
ADEGAN VIII
Nawang wulan mlebu menyang njero lumbung beras, sanalika kaget ngerteni slendhang sing persis kaya slendhange sing ilang.
Widodari Jambon : Pak, kenging menapa slendhang kula saged wonten lumbung beras? Menapa panjenengan ingkang sampun mundhut slendhang kulo wonten celaking sendhang?
Jaka Tarub : Slendhang menapa ta Bu? Aku ora ngerti apa sing kok omongake.
Widodari Jambon : Mboten usah selak Pak, panjenengan ngaku kemawon, pawongan kang mundhut wong kang dak tresnani. Aku kuciwa banget Pak..
Jaka Tarub : Aku njaluk ngapura Bu, aku njaluk ngapura..
Widodri Jambon : Nyuwun pangapunten Pak, kula mboten saged wonten ngriki, kula kedah bali menyang kahyangan, Tulung jaga Jaka Tajam (Nawang mabur menyang kahyangan)
Jaka Tarub : Aja bali Bu..(Jaka Tarub mung nangisi lungane Nawang wulan kang ora bakal bali menyang bumi maneh.
Febri hadir
BalasHapusPutraabdulqoderjaelani hadir
BalasHapushadir²
BalasHapusHader
BalasHapusHadirr
BalasHapusHadir
BalasHapusHadirr
BalasHapusHadir
BalasHapusNabila Safira , hadir
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusHadir
BalasHapusAnik hadir pak
BalasHapusA.ROZAQ hader
BalasHapusYayang shelvy
BalasHapusHadir
BalasHapushadir
BalasHapusVira Nur Shalsha Billah hdr
BalasHapusHadir
BalasHapusArya Maulana hdr
BalasHapusHadir
BalasHapusHdr
BalasHapusdealova
BalasHapushadir
BalasHapusAngga hader
BalasHapus