Kelas 9: Struktur Teks Drama Modern
A. Struktur Teks Drama Modern
Kanggo ngerteni naskah kanthi
jangkep lan utuh, mula kudu ana struktur kang ngiket antarane unsur siji lan
sijine. Kaya karya sastra liyane, teks drama uga nduweni struktur utawa unsur
kang mbangun teks kasebut. Unsur sajrone teks drama kuwi kaperang dadi loro,
yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
1.
Unsur Intrinsik
a.
Tema
b.
Amanat
c.
Alur
d.
Setting / latar
e.
Tokoh
2.
Unsur ekstrinsik
a.
Kahanane pawongan lan pandangan
subjektifitas menyang bab tartamtu. Sikap lan karakter pangripta nduweni pengaruh
akeh menyang naskah drama kang ditulis.
b.
Kondisi psikologis pangripta lan pamaca
iku dhewe.
c.
Kondisi sacedhake pangripta lan pamaca.
Kang dimaksud ing andharan iku yaiku budaya, ekonomi, sosial lan politik. Ing
kahanan tartamtu, agama uga nduweni pengaruh ing bab iki.
d.
Cara ndeleng pamaca marang karya sastra
iku dhewe.
e.
Urip bebrayane pangripta, wiwit cilik
nganthi diwasa.
B. Unsur
Kebahasaan Teks Drama
1.
Basa digunakake kanggo nyapa liyan
Basa minangka unsur kang penting
nalika ana ing pentas, utamane nalika wiwitane pentas. Drama biyasane kawiwitan
kanthi nyapa para pamiarsane. Sapaan kang ana bisa awujud syair, kayata: sugeng
rawuh, sugeng siyang, lsp.
Unsur-unsur kabahasan kang
diketokake yaiku wujud sapaan kang isine ngaturake sugeng rawuh marang pamiarsa,
pangajak kanggo seneng-seneng, atur panuwun krana wis ndeleng pentas drama
kasebut. Sapaan kasebut digunakake kareben antarane paraga lan pamiarsane.
2.
Basa minangka amanat
Basa minangka amanat
nduweni fungsi imajinatif, uga kanggo medharake gagasan, pikiran lan
pangrasane. Basa minangka amanat bisa awujud nyata uga bisa imajinasi. Basa
kang ana ing pentas drama ngandhut pesan moral, prentah utawa pamarentahan.
Basa minangka amanat bisa awujud sinurat utawa sinirat.
C. Pesan Moral
Teks Drama
Sajrone drama mesthi nduweni amanat
sing kaandhut utawa kasirat. Waluyo (2003:28) ngandharake yen amanat sajrone
drama bisa luwih gampang dingerteni pamirsa nalika drama kasebut dipentasake.
Amanat lumrahe menehi manfaat utawa paedah kanggo kauripane masyarakat . Yen
njingglengi tetembungan Horace et Utile, mula
amanat luwih fokus marang masalah utile utawa
manfaat sing bisa kapetik saka drama iku dhewe. Saengga kabeh karya uga bisa
menehi manfaat, kanthi sarat kita kudu bisa njupuk manfaat sing positif saka karya sastra mligine drama.
Wiyanto, (2002:24) menehi watesan
ngenani amanat, yaiku amanat minangka pesan moral sing pengin diandharake
pangripta marang pamaca nasakah utawa pamirsa drama. Pesan kasebut ora
diandharake kanthi langsung, nanging kanthi tersirat ing sajrone lakon. Tegese,
pamirsa kudu bisa ndudut pesen moral sing kaandhut sajrone naskah utawa pentas
drama.
RN Herman, (2009) ngandharake yen
amanat minangka pesen sing pengin diandharake pangripta saka sawijine crita.
Yen tema sajroning crita asipat teges, lugas, objektif, lan khusus, amanat
luwih umum lan subjektif. Dadi bisa didudut, amanat minangka pesen moral sing
pengin diandharake dening pangripta lumantar drama. Ana bab sing positif utawa
negatif bisa katon nalika drama dipentasake. Kanthi tujuwan supaya pamirsa bisa
ndudut pelajaran sing kaandhut sajrone crita drama.
D. Relasi Isi
Teks Drama dengan Kehidupan
Karya sastra
yaiku sawijine wadhah kanggo mujudake gagasan, idhe, lan piliran kanthi
gegambaran saka pengalaman selawase urip. Sastra nyuguhake pengalaman batin
sing dialami pangripta marang masyarakat sing ngugemi karya sasrta. Sasra ora
mung gegambaran sosial, nanging nampilake sawijine gagasan ngenani jagade
sosiologis. Karya sastra sing becik yaiku karya sing bisa menehi pangaribawa
kang becik tumrap masyarakat. Sesambungane sastra karo masyarakat panyengkuyung
nilai-nilai kabudayan ora bisa dipisahake, amarga sastra nyuguhake kahanane
masyarakat lan kasunyatan-kasunyatan sosial sajrone masyarakat, senajan karya
sastra nerokake kahanane alam lan jagade manungsa (Wellek dan Warren, 1990:109). Saliyane
iku, sastra nduweni guna kanggo ngontrol kahanane sosial sing mujudake problematika sosial sajrone masyarakat.
Babagan mau diandharake dening Jobrahim, ed (1994: 221) yen sastra nampilake
gegambaran proses kauripan, dene kauripan yaiku sawijine kasunyatan sosial
Kanthi historis,
sajrone sesambungan karo masyarakat sing ngasilake karya sastra dibedakake dadi
ring perangan, yaiku sastra klasik lan sastra modern. Sastra klasik uga disebut
sastra dhaerah (regional). Nggunakake basa dhaerah. Dene sastra modern uga bisa disebut sastra
Indonesia (nasional), nggunakake basa Indonesia. Minangka karya sastra,
kalungguhan sastra klasik lan sastra modern padha, relevansinya gumantung saka
sudhut pandhang lan kapentingane masyarakat.
Langkah-langkah
kanggo nggawe naskah drama, yaiku:
1. Milih
topik
2. Nemtokake
paraga, latar, lan sudhut pandhang
3. Nemtokake
alur utawa plot crita
4. Nyusun
rancangan wiwitane tulisan
Nyusun
naskah pungkasan
Hadir
BalasHapusdealova
BalasHapusA.ROZAQ hdr
BalasHapusHadirr
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusYayang shelvy yolanda#hadir
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusHdr
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir
BalasHapusPutri oktavianti hdr
BalasHapusPutri oktavianti hdr
BalasHapusM Firli hadir
BalasHapusHadir
BalasHapushadir
BalasHapusVian hadir
BalasHapusVian hadir
BalasHapusVian hadir
BalasHapusLaila mufidah #hadirr
BalasHapus