Kelas 7: Teks Deskriptif
1.
Modhel
teks tanggap deskriptif
Simaken tuladha teks tanggap
deskriptif kanthi tema papan pariwisata ing ngisor iki!
2.
Struktur
teks tanggap deskriptif
3.
Unsur
basa teks tanggap deskriptif
a.
Jinise
Tembung
1. Tembung
aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud
tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa,
kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.
2. Tembung
kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha:
disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.
3. Tembuung
kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata
sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.
4. Tembung
sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku,
kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e
(diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb.
Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih
panudhuh).
5. Tembung
wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji,
loro kapisan, lsp.
6. Tembung
ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha:
ing, marang, saka, katur, lsp.
7. Tembung
panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana.
Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
8. Tembung
katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha:
banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.
9. Tembung
pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine
utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne,
sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.
10. Tembung
panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane:
adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.
Kerjakke soal ana ing link iki: Link soal gaes.
Selvi ana rahma wati
BalasHapusSelvi ana rahma wati
BalasHapusDian Sulistyowati ( Vll C )
BalasHapusRehan
BalasHapus