Kelas 10: Cerita Cekak
Cerkak
mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyaritakake panguripan sabendina,
kawangun kanthi basa padinan. Ewadene kanggo nambah kaendahane cerkak,
pangripta migunakake basa kang mirunggan. tegese kanggo nguripake crita uga mentingake
lelewaning basa. Bab iki kanggo narik kawigatene pamaca lan nambahi daya
sastra. Kang kalebu lelewaning basa yaiku; tembung entar, tembung saroja,
purwakanthi, tembung Kawi, pepindhan, bebasan, lan sapanunggalane.
Ciri-cirine cerkak:
a.
Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
b.
Isine padhet (ringkes)
c.
Alur mung siji
d.
Basane mentes
e.
Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan
pasemon
Unsur intrinsik cerkak:
1.
Tema
Tema
yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.
2. Amanat
(ancas)
Amanat
yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang
pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa pandhidhikan.
3. Paraga
lan Pamaragan
Paraga
utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana uga kang
sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lakon siji lan
sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing
ngisor iki, yaiku:
a.
Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning
crita
b.
Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing
antarane para paraga
c.
Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean
sing dialami paraga
4. Padunungan,
wektu, lan swasana crita (latar, setting)
Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo
panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing
crita iku.
5. Alur
crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk
crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur
sorot balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
a. - Alur
maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean
saiki
b. -Alur
sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang
wis kapungkur
Rangkaiane
kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
a. -Paparane
crita (pemaparan)
b. -Critane
wiwit ana masalah (perumitan)
c. -Ana
masalah antara paraga (konflik)
d. - Masalah
luwih gawat (klimaks)
e. Pungkasane
crita lan carane nyelesaiake masalah ing paripurnane crita
-Happy
ending : pungkasane crita nyenengake
-Sad
ending : pungkasane crita ora nyenengake / nyedihake.
6. Sudut pandang
Sudut
pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta melu
ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas
(sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa
uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya
lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake
pamawas (sudut pandang) wong katelu.
7. Lelewaning
basa
Busananing basa yaiku
basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun crita.
Unsur Ekstrinsik
Unsur Ekstrinsik yaiku
unsur kang mbangun karya sastra saka njaba. Unsur ekstrinsik iku dumadi saka:
1.
Lelandhesane ngripta, yaiku kapan karya sastra
kasebut diripta
2. Kahanane masyarakat nalika karya sastra kasebut
diripta, yaiku kahanane masyarakat ing bidhang ekonomi, sosial, budaya,
politik.
3.
Lelandhesane pangripta.
Kanggo dina iki Presensi mawon nggih, dipelajari LKSe merga insyaalah ana gayutane...
Hadir
BalasHapus