Kelas 7: Teks Profil Tokoh S.K Trimurti
Teks profil tokoh ing ngisor iki wacanen kanthi trep!
S.K Trimurti
S.K. Trimurti misuwur minangka jurnalis wadon kang melu merjuwang nggayuh kamardikan Indonesia. S.K. Trimurti sejatine nduweni jeneng dawa Soerastri Karma Trimurti. Senajan mangkono asring sinebut S.K. Trimurti. Mula bukane kulawargane S.K. Trimurti yaiku kulawarga Jawa yaiku saka R. Ngabehi Salim Banjarsari Mangunsuromo lan Saparinten binti Mangunbisomo. Dheweke dilairake ing Boyolali, Jawa Tengah tanggal 11 Mei 1912. Minangka masyarakat Jawa S.K. Trimurti njunjung nilai-nilai kejawen kang tansah sopan lan santun anggene pasrawungan, prasaja, lan luhur atine. Saliyane iku dheweke uga tansah njunjung hak-hake wanita.
Lakuning urip S.K. Trimurti tansah dikebaki daya juwang kanggo bangsa lan negara. Ing masa enome, S.K. Trimurti tansah gumregut lan nyengkuyung donyane pendhidhikan yaiku minangka guru ing Sekolah Dasar Khusus Putri, ing Banyumas lan Surakarta, sarta ing Perguruan Rakyat (Pasirkaliki), ing Bandung bebarengan karo Sanusi Pane. Nalika mulang ing Sekolah Dasar Khusus Putri, S.K. Trimurti asring mbagekake pamflet anti-penjajah kanggo murit-murite lan masarakat sacara jembar nganti dheweke kudu ndhekem ing kunjara ing taun 1936.
Metu saka kunjara, S.K. Trimurti nerusake anggone dadi guru, nganti sawijine dina dheweke ketemu karo Soekarno. Lan Soekarno iki kang nyengkuyung S.K. Trimurti supaya melu ing donyaning pers. Sadurunge S.K. Trimurti ditantang kudu nulis sawijine tulisan ing kalawarti “Pikiran Rakyat” kang wektu kuwi dipimpin dhewe dening Soekarno. Anane tulisan kasebut ndadekake S.K. Trimurti dadi jurnalis kang profesional kang nduweni kabisan sing nengsemake. Emane, nalika Soekarno dicekel dening panjajah, kalawarti kasebut ora diterbitake maneh.
Kepenginane kanggo minterake bangsa Indonesia supaya ora dibodhoni dening penjajah, ndadekake S.K. Trimurti ngedegake kalawarti kang nggunakake basa Jawa “Bedug” lan kalawarti kang nggunakake basa Indonesia “Terompet”. Upayane S.K. Trimurti iki pranyata ora dipangestoni dening wong tuwane dhewe, saengga S.K. Trimurti pindhah menyang Yogyakarta karo kanca-kancane lan ngedegake “Suara Marheni” kang ditujokake mligi kanggo wanita. Anane kalawarti-kalawarti iki digunakake minangka sarana kanggo nyuntakake kritik marang penjajah Walanda lumantar tulisan-tulisan kang pedhes. Anggone nulis kritik-kritik pedhes kasebut kanthi ndhelikake jeneng asline, yaiku kanthi jeneng Karma lan Trimurti sacara genti-genten.
Tanggal 19 Juli 1938 S.K. Trimurti ngiket janji karo Sayuti Melik kang uga aktivis politik. Anane nenikahan iki, ora nglunturake semangate S.K. Trimurti kanggo merjuwangake kamardikan lumantar jurnalistik. Lan nalika nglairake anake kang kaaran Moesafir Karma Boediman, dheweke ngepasi dikunjara amarga aksi jurnalistik kang dianggep mbebayani Walanda. Nganti dina kamardikane Indonesia, S.K. Trimurti iki nyekseni langsung proses ngereke gendhera merah-putih.
Sawise Indonesia mardika, semangat jurnalis lan politike ora nate luntur. S.K. Trimurti pinercaya dadi menteri buruh ing Kabinet Amir Sjarifuddin I dan Kabinet Amir Sjarifuddin II. Sabanjure dadi anggota Dewan Nasional RI. Ing taun 1956, S.K. Trimurti mimpin Gerakan Wanita Sedar (Gerwis) kang minangka cikal-bakal saka Gerakan Wanita Indonesia (Gerwani). Ing sela-selaning tugas politik, S.K. Trimurti tetep nulis ing sawijine kalawarti-kalawarti. Malah, nalika masa pamarentahe Soekarno kang ngecakake prinsip poligami, dheweke wani ngritiki. Kritik kang ditujokake marang Presiden Soekarno iki pranyata ora dadi gethinge Presiden Soekarno. Malah, S.K. Trimurti antuk pahargyan Buntang Mahaputra Tingkat V jalaran sumbangsihe kanggo nggayuh kamardikan nganti saiki.
S.K. Trimurti minangka jurnalis tekun, semangat lan jasane tansah bisa dieling-eling lan mokal dilalekake. Muga-muga, apa kang wus ditindakake dening S.K. Trimurti bisa dadi patuladhan lan bisa nuwuhake inspirasi rakyat Indonesia tumuju mbesuk kamg luwih becik.
Isi presensi lan isi gladhen ana ing ngisor iki:
Rafly Abdul Gani
BalasHapusKelas VIIC
No absen 20
Amandita chika cahyani Vll C
BalasHapusNo absen : 6
Dian sulistyowati ( Vll C )
BalasHapusNo absen : 08
Najwa eka putri VIIC no: 14
BalasHapusRina Wahyuni pasti kelas VllC absen 17
BalasHapusDina Aulia Rachma
BalasHapusFIRDA AURELIYAH AZZAHRA
BalasHapus(VII C) NO:10
Meylisa dwi muafi putri 13
BalasHapus