Kelas 8: Parikan (Basa Rinengga)

 Angon wedhus, sinambi sinau

Bocah bagus, durung payu


Tukang kayu, kena glugut

Wadon ayu, gawe kepencut


Toko batik, kulakan akik

Tumindako becik, supaya ketitik


Nyekel lele, kena pathil

Bocah kae, pancen pokil


Tuku paku, rego sewu

Aku kuru, mergo sliramu


Bocah lemu, ora klabenan

Nuntut ngelmu, dadi kwajiban


Mlaku mlipir, nyingkiri banyu

Bocah kenthir, kakean ngelmu


Petan tumo, sedino ping pitu

Podo temeno, anggone nuntut ngelmu


Presensi lan Gladhen ana ing ngisor iki:

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 7: Teks Profil Tokoh

Tugas Harian SBK Menggambar Doodle

Seni Musik