Kelas 8: Wawancara
Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kuwi kudune wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake.
Tujuwan wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngeani sawenehe bab kanggo keperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten , lan sapanunggale. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.
Wawancara iki kalebu salah sijine cara kanggo golek informasi kanthi nakokake pitakonan marang narasumbere. Dene asiling wawancara bisa digunakake minangka:
1. Sumber utawa bahan nulis pawarta utawa nglaporake pawarta,
2. Bahan opini utawa pendapat kanggo tulisan ilmiah, umpamane arep nulis artikel lan panliten,
3. Bahan cerita kanggo sawijining tulisan sastra, umpamane arep nulis legenda,
4. Bahan biografi tokoh sing ditulis
Tata carane Wawancara
1. Milih tema sing arep dienggo wawancara upamane pengin mangerteni babagan tata cara nandur jeruk kang apik.
2. Milih lan semayan karo narasumber kang mumpuni cundhuk karo tema kang dipilih.
3. Takon kanthi cara sopan nganggo unggah-ungguh lan undhak-usuk basa kang pener!
4. Yen takon aja rumangsa bisa lan ngguroni, sebab bisa ndadekake atine kang diwawancarani cuwa.
5. Nyepakake pitakonan kanthi prinsip 5 W I H (what:apa, who:sapa, why:kena nyapa, when:kapan, where:ing ngendi, how: kepriye).
6. Nyepakake cathetan perlune kanggo nulis wangsulane pitakonan.
7. Nyatet utawa ngrekam asile wawancara.
Nalika wawancara etika utawa tata kramaning kang kudu digatekake yaiku :
1. Teka luwih dhisik (teka aja nganthi telat)
2. Ngucap salam, ngenalake lan matur nuwun amarga diwenehi kalodhangan bisa wawancara.
3. Migunakake basa kang santun.
4. Pitakone kanthi cara kang sistematis lan urut.
5. Fokus marang materi wawancara.
6. Ora mojokake narasuber lan ora nyinggung perasaane
7. Ora mancing pitakonan kang njurus marang fitnah lan ngedu
8. Nduweni sikap kang obyektif lan simpatik.
9. Pungkasi wawanrembug kanthi agunging matur nuwun amarga nara sumber wis menehi informasine.
Kanggo dina iki disemak lak presensi mawon!
Nova auliyarul faizah
BalasHapusNurul Mundaqira
BalasHapus