Kelas 9: Pidhato
Pidhato (Sesorah)
Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.
Urut-urutane pidhato:
a. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Awiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
b. Purwaka
Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung.
c. Isi/ wigatining pidhato/ surasane
Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.
d. Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing
sekolah)
e. Panutup: Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok
menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindaktanduk.
f. Salam panutup
Ngaturake salam marang para rawuh.
Miturut kahanane, pidhato kaperang dadi telu:
1. Kahanan Resmi
Lumrahe ditindakake dening para pejabat ana ing acara resmi, upamane pidato kenegaraan, upacara HUTKEMRI, upacara HARDIKNAS kang kabeh mau pidato ditindakake sarana nganggoteks resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara ora bisa sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wis ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.
2. Kahanan Setengah Resmi
Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake ora kaiket dening naskah, upamane srah trima penganten. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake ora nganggo naskah cukup cathetan sacuwil isi pokok-pokoke.
3. Kahanan Ora Resmi
Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu. Upamane ana ing patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai.
Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu :
1. Menehi hiburan
Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak.
2. Menehi Kawruh
Pidhato jinis iki isine ngandharake babagan kanthi sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani supaya luwih gamblang.
3. Pangajak-ajak
Pidhato jinis iki pamicara ngandharake alasan, bukti, lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikane kampanye utawa promosi.
Miturut carane, pidhato kaperang dadi papat yaiku:
1. Mawa teks utawa naskah (methode maca).
2. Ngapalake naskah pidhato.
3. Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika
pidhato. (njlentrehake cengkorongan pidhato)
4. Impromptu: pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpa
persiapan).
Dina iki ora ana tugas/gladhen.
David hadir
BalasHapusHadir
BalasHapusNabila safira , hadir
BalasHapusHdr
BalasHapusAnik matul chumaidah hadir pak
BalasHapusHadir
BalasHapusA.ROZAQ hader
BalasHapusHadir
BalasHapusArya Maulana hdr
BalasHapusPutraabdulqoderjaelani
BalasHapusHdrrr
BalasHapusHadirr
BalasHapusdea
BalasHapusHadir
BalasHapusHader
BalasHapusAngga hader
BalasHapusHadir
BalasHapusHadir keturon
BalasHapusEdi Saputra
BalasHapus