Kelas 7: Teks Deskriptif
1. Modhel teks tanggap deskriptif Simaken tuladha teks tanggap deskriptif kanthi tema papan pariwisata ing ngisor iki! 2. Struktur teks tanggap deskriptif 3. Unsur basa teks tanggap deskriptif a. Jinise Tembung 1. Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp. 2. Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp. 3. Tembuung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp. 4. Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samu...