Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

Kelas 10: Ulangan Harian Serat Wedhatama

 Mangga langsung mawon ngerjakake Ulangan Harian ngenani Serat Wedhatama ana ing ngisor iki: Link Soal Harian

Kelas 10: Tembang Macapat

 Serat Wedhatama iku salah sawijine sastra sing kaanggit ngunakake Macapat. Macapat yaiku tembang tradhisional Jawa sing macane kanthi pathang gatra banjur ditembangke.  Tembang Macapat uga dumadi saka Guru Gatra, Guru lagu, lan Guru wilangan. Guru gatra yaiku akehe gatra (baris) sajrone tembang macapat. Guru lagu yaiku dong dinge utawa pungkasane swara ana ing saben gatra tembang Macapat. Pungkasan yaiku guru wilangan yaiku cacahe suku kata sing ana saben baris tembang macapat. Mula bukane (awal mula) Tembang Macapat iku ana nallikane jaman akhir Majapahit sing diprakarsai dening para Wali, mligine Sunan Kalijaga. Tembang macapat kaperang dadi 11 sing dijlentrehke ana ing ngisor iki:  Maskumambang Tembang kawiwitan iki dadi kawiwitan ana ing panguripan manungsa, amarga ing tahap iki manungsa isih ana ing njero guwa garba lan isih dadi janin sing isih kumambang. Tembang Maskumambang nduweni paugeran kaya mangkene: Guru gatra : 12, 6, 8, 8. Guru Lagu :  i, a, i,...

Kelas 9: Drama Tradisional

Gambar
Mangga Mirsani Ludruk kang ana ing ngisor iki: "Branjang Kawat" Saka carita ana ing kana mangga mangsuli pitakenan lan presensi kang ana ing ngisor iki: Link Gladhen lan Presensi

Kelas 8: Basa Rinengga

 Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah, wong liya tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritan utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel. Ana rong cara kanggo ngrengga basa, kayata: Sarana tinulis nganggo ukara liya kang tetembungane luwih bregas.  • Tuladhane: kudu dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga Ngganti tetembungan sawetara, upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa rinengga.  • Tuladhane:  tandange kaya banteng ketaton. Menawa unen-unen iku diganti tembung kawi, senadyan tegese padha karo basa lumrah, dadine tan...

Kelas 7: Teks Profil Tokoh

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi. Teks kasebut klebu jinise teks naratif. Teks profil tokoh utawa teks biografi nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut. Kanggo nggampangake mangerteni isine teks profil tokoh utawa biografi ana bab-bab sing kudu dijingglengi, yaiku (1) irah-irahan/ judhul, (2) babagan sing narik kawigaten sing tau dialami dening tokoh, (3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha. Wacanen teks ndek ngigsot iki: RADEN AJENG KARTINI Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi  utra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.  Raden  jeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid ing sregep. Sasuwene s...

Kelas 10: Serat Wedhatama

            Serat Wedhatama yaiku karya sastra kang kaanggit dening KGPAA. Mangkunegara IV. Panjenengane mijil tanggal 1 sapar jimakir 1736 taun Jawa, utawa 1809 M kanthi nduweni jeneng Raden Mas Sudiro. Nalika isih enom panjenengane didadekake dadi Prajurit ana ing Legium Mangkunegaraan, lan diwenehi jejibahan dening Mbahe Sri Mangkunegara II kanggo numpes mungsuh kumpeni VOC.        Nalikane panjenengane wis ngancik gelar Mayor infanteri, panjenengane banjur dikukuhke dadi Mahapatih ana ing Mangkunegaran. Banjur ora suwi uga Jumeneng nata dadi Pangeran kanthi jeneng KPH Kanjeng Pangeran Harya) Gandakusuma, lan ganteni Sri Mangkunegara III kang wus seda lan njipik gelar KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya) Sri Mangkunegara IV.          Serat Wedhatama isine yaiku ngenani ajaran kang sumbere saka budaya lan ajaran Jawa kang wus dilalekke. Minangka karya kang nduweni nilai ...

Kelas 9: Struktur Drama Tradisional

Gambar
Drama tradisional yaiku drama Kang nyeritaake ngenani dewa-dewi lan kasekten utawa perjuangan para pahlawan ing jaman kerajaan. biasane critane kang gambarake salah sawijine kerajaan. saliyane iku drama tradisional uga nduweni struktur yaiku bakal dijabarke ana ing ngisor iki: Struktur Teks Drama Tradisional   Bageyan-bageyan teks drama tradisional yaiku:   1.       Orientasi   : para paraga dikenalake watake, uga pandhapuke ing drama 2.       Komplikasi: para paraga diadhepake ing prakara ( konflik ) dhewe-dhewe nganti klimaks. 3.       Resolusi: para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane ( peleraian ). 4.       Koda: pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang para pamiarsa.   Struktur teks drama tradisional, yen kapilah ing bagan, kaya ing ngisor iki. Ciri bahasa t eks drama tradisional Ciri-ciri basa drama tradisi...

Kelas 8: Ulangan Harian Cerkak

Sawise nyemak teks cerkak, ndek ngisor diajab bisa nemukake unsur kang ana ing cerkak. Unsur kang diduweni cerkak kaperang dadi : 1.     Unsur instrinsik Unsur instrinsik yaiku unsur – unsur kang nyengkuyung anane cerkak. Unsur instrinsik dumadi saka : Ø   Tema Ø   Latar : wektu, papan, kahanan Ø   Alur (Maju, Mundur, Campur) Ø   Paraga (Tokoh) Ø   Sudut pandang(Orang pertama, Orang kedua, Orang ketiga) Ø   Amanat Unsur ekstrinsik Unsur ekstrinsik yaiku unsur unsur kang ana ing sajabane cerkak, ora nduweni gegayutan langsung marang pambangune cerkak. Ø   Nilai sajrone cerita ( agama, budhaya, politik, ekonomi) Ø   Pangalaman uripe pangarang. Ø   Kahanan sosial nalika cerkak dianggit. Mangga diwaca kanthi teliti Cerkak ing ngisor ik:   D A D I J UR A G A N B A R A NG B E KAS De n i n g : Budi W a hy on o          K a r e pe Mugi ma n s e pe le . Mu...