Postingan

Menampilkan postingan dengan label Kelas 7

Kelas 7: Tugas Tembang Macapat

 Kanggo dina iki, sampeyan garap ndek LKS halaman 27, yen rampung difoto terus dikirim ndek WAku ya. Semangat....

Kelas 7: Gawe Geguritan

 Nulis geguritan iku gampang banget, pokok sampeyan mengutarakan apa yang ada di isi hati sampeyan dan pemikirane sampeyan. Ndek kene bakal dijelaske kepriye carane gawe Geguritan utawa puisi Jawa. A. Paugeran nulis geguritan (Tata cara nulis geguritan) Bagian ini perlu diingat agar sampeyan membuat geguritan bisa terlihat indah, salah sijine yaiku: 1. Suasana hati dan lingkungan 2. Milah lan milih tema yang pas 3. Memilih pemilihan kata yang slaras dan indah 4. Menggunakan Purwakanthi (Bisa guru swara, yang dibelakangnya urut A semua atau selang seling) 5. Paramasastra basa Jawa (Basa Rinengga utawa liyane sing ketok endah) B. Cara nulis Geguritan Pertama sebelum membuat Geguritan, sampeyan gawe kerangka dulu, urut-urutane yaiku: 1. Menentukan tema apa yang bakal ditulis di geguritan. Dengan adanya tema yang sudah ditentukan kita akan memiliki patokan dan tulisan yang belum jadi (oret-oretan). 2. Mengumpulkan kata-kata yang ada katiannya dengan tema yang sudah sampeyan pilih dan s...

Kelas 7: Nyinaoni dhewe materi geguritan

 Kanggo dina iki sampeyan nyinaoni dhewe materi ngenani geguritan (puisi) sing ana ndek lks, lalu mengerjakan halaman 12. kalau sudah difoto dan dikirim ke saya, presensi bedasarkan tugas yang sampeyan kirim.

Kelas 7: Geguritan

  1.     Maksud dari Geguritan: Geguritan yaikt puisi Jawa gagrag anyar yang tidak terikat guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, namun masih memegang adanya rasa kaindahan, gampangannya guritan itu puisi Jawa dan sama, tidak ada bedanya.   2.     Indahnya geguritan dilihat dari: a.        Pemilihan tetembungan (kata-kata) yang mentes, trep, dan mantesi (Menegaskas) b.       Menggunakan sajak. c.        Menggunakan bahasa yang beraneka ragam (Basa RInengga)   3.     Supaya bisa membaca geguritan dengan bagus, bab-bab yang harus diperhatikan yaitu: a.        Mengetahui  isi dan maksud dari geguritan tersebut, banjur dirasakake b.       harus memperhatikan pengucapan dan iramanya c.        Bisa memperagakan dengan  mimik d an ek...

Kelas 7: Tembang Macapat

Ulangan Harian! 1. Hari ini sampeyan mencari 1 tembang Macapat (diusahakan sampeyan tulis paugerannya) terus sampeyan tulis tembangnya dibuku. Nanti difoto dan dikirim ke saya, kehadiran sampeyan ya dinilai dari pengumpulan tugas ini. Contoh: Ngelmu iku kalakone, kanthi laku lekase lawan kas pangege kas nyantosani Setya budya pangegese, dur angkara Guru Gatra: 4 Guru Wilangan: 12, 6, 8, 12 Guru Lagu: u, a, i, a

Kelas 7: Persiapan UH

 Dina iki sampeyan nyinaoni materi-materi sing wis diajarke kanggo minggu ngarep ulangan harian. tetep semangat & dijaga kesehatane. aja lali ngisi presensi. Link Presensi

Kelas 7: Struktur Tembang Macapat

Masing-masing tembang macapat memiliki baris kalimat yang disebut gatra dalam setiap bait. Sedangkan dalam setiap gatra tersebut ada guru wilangan atau bilangan suku kata yang diakhiri dengan sajak akhir atau guru lagu. Tembang macapat sendiri terdiri dari paugeran guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan. Guru gatra dalam tembang macapat adalah banyaknya jumlah baris dalam satu bait. Guru lagu adalah jatuhnya bunyi pada setiap akhir baris dalam satu bait tembang macapat. Terakhir adalah guru wilangan yang merupakan banyaknya suku kata pada setiap baris. Tembang Macapat sendiri juga memiliki sifat setiap tembangnya. Maskumambang Tembang Maskumambang memiliki ciri-ciri sebagai berikut : Guru gatra                   : 4 Guru Lagu                   :  i, a, i, o Guru Wilangan     ...

Kelas 7: Macam Tembang Kreasi

 Tembang Jawa sing isih kalebu tradisional iku dipisah dadi 3 yaiku: 1) Tembang Macapat     Tembang macapat dhawane yaiku maca papat, tegese maca patang suku kata(Gatra). Tembang Macapat dhewe kaiket karo paugeran kayata Guru Gatra, Guru Lagu, Guru Wilangan. tembang macapat dhewe kaperang ana 11. sakabehe dijelaske ndek ngisor iki. Paugeran Tembang Macapat - Guru Gatra: Cacare gatra (ukara, larikan) ing saben bait - Guru Wilangan: Cacahe wanda (baris) saben satembang - Guru Lagu: Tibaning swara ing saben pungkasaning gatra Jinise Tembang Macapat - Maskumambang          - Dhandhanggula - Mijil                                  - Durma - Sinom                              - Pangkur - Kinanthi                   ...

Kelas 7: Tembang Kreaasi

Gambar
Tembang kreasi uga bisa sinebut tembang dolanan. Tebang dolanan iki asring digunakke karo bocah-bocah kanggo ngisi wektu. Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki :   LUMBUNG DESA Lumbung desa pra tani padha makarya –ayo dhi Njupuk pari nata lesung nyandhak alu – ayo yu Padha nutu yen wis rampung nuli adang – ayo kang Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang        Cakepan tembang dolanan ing dhuwur migunakake ukara prasaja, nanging ngandhut piwulang kang mentes. Ing antarane ngajari supaya wong urip iku kudu sregep makarya (nyambut gawe). Mesthine kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga lan bebrayan. Kudu guyup, rukun, lan gotong royong kang pancen dadi ciri lan pakulinan tumrap masyarakat lan bebrayan Jawa.      Isih akeh pitutur luhur kang bisa didhudhah saka tembang dolanan lan tembang kreasi liyane. Saben cakepan bisa dionceki mungguh tuladha pakarti lan pitutur kang migunani tumrap panguripan. Ora mung budi pakarti, nanging uga ilmu pengetahuan ...

Kelas 7: Unggah Ungguh Basa

Gambar
  Unggah-Ungguh Basa 1. Basa Ngoko Alus Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko nanging hurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman. a) Ciri-cirine basa ngoko alus kaya ing ngisor iki : 1) Tetembungane ngoko kacampuran krama inggil tumrape wong kang diajak guneman (Orang kedua) lan wong kang digunem (Orang ketiga) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap. Dene kang digawe krama, yaiku: (a) Tembung sesulih purusa (kata ganti orang) panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang luwih enom), panjenengane utawa slirane. (b) Tembung kriya (kata kerja) Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrape wong kang diajak guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga). Tembung kriya tumrape wong kang guneman (orang pertama) cukup nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap. (c) Ater-ater lan panambang tumra...

Kelas 7: UH Teks Wayang

  BHARATAYUDHA Krsna kang tumuju Gajahwaya, saperlu makili Pandhawa ing rembugan karo Kurawa ngenani perangane kerajaan. Drsharasta ngutus supaya kabeh disiapake. Krsna disuguhi kanthi becik nanging Krsna nampik jalaran durung anane asil saka rembugan mau. Duryodhana nganakake rembugan karo Dussana, Sakuni lan Karna. Katelune ngelingake yen Krsna kuwi mungsuhe wong telu mau. Nalika kabeh wis kumpul, Krsna duwe panyuwunan supaya peperangan bisa dirembug kanthi paseduluran lan nggunaake cara yaiku merang kekuwasaan kerajaan. Usule Krsna disengkuyung dening Dorna lan Bisma, nanging Duryodhana ora setuju karo panyuwune Krsna lan kepingin perang tetep dilaksanaake. Sabanjure Krsna pamit marang bulike kang asma Kunthi. Kunthi aweh piweling marang Krsna supaya nduweni watek ksatriya. Sabanjure Krsna njaluk marang Karna supaya mbela Pandhawa, nanging Karna nampik panjaluk mau. Para Pandhawa nampa warta ngenani lakune Krsna kang njaluk dalan paseduluran mau, sawise ngerti yen Kurawa nga...

Kelas 7: Jinis Wayang

 Wayang, salah sijine saka kesenian Jawa sing wis diakoni pinangka warisan budaya dunia. Pagelaran wayang mujudake seni pertunjukkan sing mbutuhake seni musik, seni suara, seni rupa, seni tari, seni drama lan seni sastra. Yen dijingglengi saka seni sastra/kasusastran, crita wayang babone saka kakawin, kitab lan serat sing mujudaken asil karya sastra.           Jinise wayang ing Jawa mligine, lan ing Indonesia akeh banget, amarga meh kabeh daerah/wilayah ing Indonesia nduweni wayang kanthi ciri khas.Ing Jawa bae jenis lan babone crita uga beda-beda. Wayang purwa (kulit/ wong) babon critane saka kitab Ramayana lan Mahabarata. Wayang Golek lan wayang krucilbabon critane saka serat babad, serat menak lan crita rakyat. Wayang jemblung babon critane saka serat Ambiyak, wayang suluh babone crita saka kisah nabi Isa ing kitab Injil lan crita rakyat. Lan isih akeh maneh jenise wayang sing saiki wis langka lan bisa ditemoni ing museum kayata wayang beber, wayang...

Kelas 7: Teks Narasi Wayang

 Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki: a. Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. 1) Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 2) Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung, ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa. b. Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe. c. Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur. Kang ana sajrone Stuktur Teks Narasi Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo t...

Kelas 7: Teks Profil Tokoh

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi. Teks kasebut klebu jinise teks naratif. Teks profil tokoh utawa teks biografi nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut. Kanggo nggampangake mangerteni isine teks profil tokoh utawa biografi ana bab-bab sing kudu dijingglengi, yaiku (1) irah-irahan/ judhul, (2) babagan sing narik kawigaten sing tau dialami dening tokoh, (3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha. Wacanen teks ndek ngigsot iki: RADEN AJENG KARTINI Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi  utra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.  Raden  jeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid ing sregep. Sasuwene s...