Dina iki sampeyan nyinaoni materi-materi sing wis diajarke kanggo minggu ngarep ulangan harian. tetep semangat & dijaga kesehatane. aja lali ngisi presensi.
Serat Wedhatama yaiku karya sastra kang kaanggit dening KGPAA. Mangkunegara IV. Panjenengane mijil tanggal 1 sapar jimakir 1736 taun Jawa, utawa 1809 M kanthi nduweni jeneng Raden Mas Sudiro. Nalika isih enom panjenengane didadekake dadi Prajurit ana ing Legium Mangkunegaraan, lan diwenehi jejibahan dening Mbahe Sri Mangkunegara II kanggo numpes mungsuh kumpeni VOC. Nalikane panjenengane wis ngancik gelar Mayor infanteri, panjenengane banjur dikukuhke dadi Mahapatih ana ing Mangkunegaran. Banjur ora suwi uga Jumeneng nata dadi Pangeran kanthi jeneng KPH Kanjeng Pangeran Harya) Gandakusuma, lan ganteni Sri Mangkunegara III kang wus seda lan njipik gelar KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya) Sri Mangkunegara IV. Serat Wedhatama isine yaiku ngenani ajaran kang sumbere saka budaya lan ajaran Jawa kang wus dilalekke. Minangka karya kang nduweni nilai ...
Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki: a. Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. 1) Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 2) Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung, ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa. b. Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe. c. Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur. Kang ana sajrone Stuktur Teks Narasi Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo t...
Komentar
Posting Komentar