Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2020

Kelas 10: Tugas Artikel

Nglestarekake Basa Dhaerah Telung dina melu Kongres Basa Dhaerah sa-Nusantara ing Bandung, 2-4 Agustus 2016, Jaya Baya ketemu kanca-kanca nunggal nasib. Sapepadhan kanca kang ambyur ngrungkebi basa, sastra, lan budaya dhaerah. Ora mligi kang ngrungkebo basa lan budaya Jawa, nanging uga kepethuk kanca kang ngrungkebi basa Sundha, Lampung, Minang, Batak, Bali, Sumba, Dayak, Bugis, Halmahera, Lani (Papua), lan akeh maneh liyane. Padha mbeber pengalaman lan crita lelakone dhewe-dhewe, kang jebule meh padha wae. Kang wose kabeh-kabeh nyambatake saya surute basa dhaerahe, merga kadheseg basa Indonesia lan basa Melayu lokal saben dhaerah. Kamangka basa mono ora mung sadrema dianggo pocapan padinan, nanging nggembol kabudayan sarta kearifan lokal kang didarbeni saben etnis suku bangsa. Yen sawijining basa cures, istingarah cures uga budaya lan kearifan lokale. Yen adat budayane wis cures, identitas apa maneh sing bisa dianggo nengeri sawijining suku? Tundhone, yen basane mati, ateges suku...

Kelas 9: Struktur Teks Laporan Hasil Observasi

a.    Struktur Teks Laporan Hasil Observasi   Sawise nyemak teks laporan hasil observasi kanthi irah-irahan “Jamur Minangka Simbol Panguripan”, peserta didik didhawuhi bisa mangerteni struktur teks wacan kasebut kanthi urut lan bener.                     -Definisi umum                    - Definisi bagian                    - Definisi kegunaan   b.    Unsur kebahasaan dalam Teks Laporan Hasil Observasi      Sawise nyemak teks laporan hasil observasi, peserta didik bisa nemtokake unsur kebahasaan sajrone wacan kasebut. Nggunakake frasa nomina dibacutake jinis dheskripsi Nggunakake verba relasional, kayata minangka, yaiku, kalebu, yakuwi, diarani, antarane...

Kelas 8: Macam Basa

Basa rinengga  Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah, wong liya tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritan utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel. Ana rong cara kanggo ngrengga basa, kayata: Sarana tinulis nganggo ukara liya kang tetembungane luwih bregas. ·          Tuladhan e : kudu dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga Ngganti tetembungan sawetara, upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa rinengga.  ·          Tuladha ne :  tanda...

Kelas 7: Unggah Ungguh Basa

     Tata krama utawa unggah ungguh yaiku tata cara adat lan sopan santun nalika migunakake bahasa jawa. jlentrehane ana ing ngisor iki:      Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku: 1. Basa Ngoko Lugu Basa ngoko lugu yaiku ukara sing dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh. Tuladha: a) Para wisatawan seneng lunga menyang gunung Bromo. b) Aku numpak sepedhah. c) Winarno ngombe wedang jahe. d) Kancaku wis teka kabeh. e) Bocah-bocah padha mangan rujak legi. Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata: a) Pacelathon ing antarane sapepadhane. b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor. c) Pacelathon wong tuwa marang bocah. Gawea ukara nganggo basa ngoko lugu kanthi migunakake tembungtembung ing ngisor iki! 1) tuku 2) lunga 3) akeh 4) apik 5) pinter 2. Basa Ngoko Alus utawa Andhap Basa ngoko alus yaiku basa sing migunakake tembung-tembung ngoko kacampuran tembung krama inggil. Tembung-tembu...

Kelas 10: Pengertian Artikel

PENGERTIAN ARTIKEL Artikel yaiku karangan nyata kang jangkep kanthi dawa tinamtu kang digawe kanggo disebarake lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane. Panulisan artikel ndarbeni ancas kanggo ngandharake gagasan lan fakta kang bisa ngyakinake, nggulawentah, lan nyenengake kang maca. Panulis artikel yaiku pawongan kang nindakake pakaryan ngarang sawijining seratan, nggabungake sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepenak diwaca, saengga nggawe wong kang maca ngrasakake lan mangerteni apa kang sadurunge durung dimangerteni. Panulis artikel maneka werna kriteriane, yaiku: a.        Panulis artikel buku b.       Panulis artikel pawarta c.        Panulis artikel marketing d.       Panulis artikel online e.        Panulis artikel narasi f.        Panulis artikel naska...

Kelas 9: Teks Observasi

     Teks Laporan asil observasi mujudake teks kang isi pepricen umum utawa nglaporake sawijining babagan awujud asli pengamatan (observasi). Teks laporan asil observasi uga sinebut teks klasifikasi krana ngemot klasifikasi ngenani jinis-jinis sawijine babagan kriteria tartamtu. Teks asil observasi iki asipat faktual utawa lelandhesan saka fakta kang ana. Wacan ing ngisor iki wacanen kang titi!                                                        Jamur Minangka Simbol Panguripan Wong urip iku kaya rodha, sawijine wektu ngalami sangsara lan cilaka. Wektu liya, nemu begja lan mulya. Kaya kang dialami Agus Santoso (40), petani jamur kang mapan ing Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung. Biyen nalika uripe isih ngrekasa, gaweyane ora mesthi. Saiki rumangsa syukur marang Gusti Allah dene wis kap...

Kelas 8: Cerita Cekak (Cerkak)

1 . Pangerten Cerkak Cerkak mujudake salah sawijine jinis karya sastra kang maparake kisah utawa crita ngenani pawongan  janggkep klawan masalahe liwat tulisan cendhak utawa ringkes. Cerkak bisa uga ditegesi sawijining karangan fiktif kang isi panguripaning pawongan,kang dicritakake kanthi cekak utawa ringkes, lan mung munjer marang siji paraga wae. 2. Teks Cerkak Wacan ing ngisor iki wacanen kang titi! SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO Jam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumangkah metu saka omah. Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor ma...