Kelas 10: Tugas Artikel

Nglestarekake Basa Dhaerah

Telung dina melu Kongres Basa Dhaerah sa-Nusantara ing Bandung, 2-4 Agustus 2016, Jaya Baya ketemu kanca-kanca nunggal nasib. Sapepadhan kanca kang ambyur ngrungkebi basa, sastra, lan budaya dhaerah. Ora mligi kang ngrungkebo basa lan budaya Jawa, nanging uga kepethuk kanca kang ngrungkebi basa Sundha, Lampung, Minang, Batak, Bali, Sumba, Dayak, Bugis, Halmahera, Lani (Papua), lan akeh maneh liyane.

Padha mbeber pengalaman lan crita lelakone dhewe-dhewe, kang jebule meh padha wae. Kang wose kabeh-kabeh nyambatake saya surute basa dhaerahe, merga kadheseg basa Indonesia lan basa Melayu lokal saben dhaerah. Kamangka basa mono ora mung sadrema dianggo pocapan padinan, nanging nggembol kabudayan sarta kearifan lokal kang didarbeni saben etnis suku bangsa. Yen sawijining basa cures, istingarah cures uga budaya lan kearifan lokale. Yen adat budayane wis cures, identitas apa maneh sing bisa dianggo nengeri sawijining suku? Tundhone, yen basane mati, ateges suku kasebut bakal cures pisan.

Mangka, manut panaliti, ing donya iki saben 10 dina pisan ana basa siji sing cures, ilang saka lumahing bumi. Klebu ing Indonesia, kang wektu iki darbe 726 basa ibu. Akehe basa ing negara kita mau kena diarani sawijining kasugihan lan kaunikan mirunggan, nanging uga bisa nggawa memala. Awit, akehing basa ateges akehing suku kang darbe identitas dhewe-dhewe, yen ana kurang penere gampang nuwuhake bibit-bibit disintegrasi.

Ewa semono kabeh sarujuk, 726 basa mau kudu digondheli nyawane. Senajan ta, ing antarane basa-basa mau, ana basa kang cacahe penuture mung kari wong papat. Tur wis tuwa-tuwa!

Akeh kang darbe gagasan padha, salah sijine cara kanggo ngurip-urip basa ibu utawa basa dhaerah mau, kanthi cara ndadekake basa mau basa pengantar pendhidhikan dhasar, ing tataran PAUD, TK, lan SD nganti klas telu. Bubar ngono, wiwit klas papat lagi nggunakake basa pengantar basa Indonesia. Kaya jaman sadurunge taun 1970-1n biyen.

Kaya-kaya gagasan mau pancen tinemu nalar lan gampang dileksanani. Ewasemono jebul ana panduwa, mligine saka wakil-wakil dhaerah Indonesia wetan. Wong-wong mau ngajak ngulur gagasan ngenani kanyatan kang ana. Ing antarane: ing Indonesia wetanan iki, bisa wae saben desa duwe basa dhewe. Lan saben desa iku dikuwasani dening raja sing beda-beda. Sipate raja, mesthi wae ora gelem diasorake dening raja-raja liyane.

Lha yen arep nggunakake basa dhaerah minangka pasa pengantar ing sekolahan, basa dhaerah saka desa endi sing kudu dipilih? Banjur warga desa liya piye? Apa gelem narimakake? Apa gelem nyinaoni lan nggunakake basa dhaerah tanggane sing dipilih dadi basa pengantar? Yen padha ora gelem, banjur piye? Apa iya kabeh basa didadekake basa pengantar ing dhaerah dhewe-dhewe?

Upama ngono tenan, apa mesthi ana utawa nyukupi cacahe guru sing bisa mulang nganggo basa saben dhaerah kasebut? Banjur buku-buku pelajaran sekolah, apa iya kudu dicithak nganggo 726 basa kang beda-beda? Gek mendahneye ribeda, lan kapan rampunge?! Tetela pancen ora gampang ngurus negara kang jembar lan bhinneka kaya negarane dhewe iki.

Mamula bener yen nglestarekake basa lan budaya dhaerah iki ora bisa yen mung njagakake pamarentah (pusat). Warga dhaerah dhewe kang kudu gelem cancut, kaya kang ditindakake Ajip Rosidi ing Sundha, Afrida Erna Ngato ing Halmahera.

Jaya Baya edhisi 51


Kerjakaan soal harian disini: Link Gaes

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 8: Struktur Teks Wawancara

Kelas 7: Teks Narasi Wayang

Kelas 8: Cerita Cekak (Cerkak)