Kelas 7: Unggah Ungguh Basa
Unggah-Ungguh Basa
1. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko
andhap. Basa iki sanajan ngoko nanging hurmat marang wong sing digunem utawa
sing diajak guneman.
a) Ciri-cirine basa ngoko alus kaya ing
ngisor iki :
1) Tetembungane ngoko kacampuran krama
inggil tumrape wong kang diajak guneman (Orang kedua) lan wong kang digunem
(Orang ketiga) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe
nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap. Dene kang digawe krama,
yaiku:
(a) Tembung sesulih purusa (kata ganti
orang) panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang
luwih enom), panjenengane utawa slirane.
(b) Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya kang digawe krama inggil
iku tembung kriya tumrape wong kang diajak guneman (orang kedua) lan wong kang
digunem (orang ketiga). Tembung kriya tumrape wong kang guneman (orang pertama)
cukup nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap.
(c) Ater-ater lan panambang tumrap
tembung krama inggil utawa krama andhap tetep ngoko.
b) Basa ngoko alus/andhap digunakake
kanggo omongomongan/guneman:
1) Wong tuwa marang wong enom kang perlu
diajeni.
Tuladha: Nak Eko, sliramu kondur saka
kantor jam pira?
2)
Wong enom marang wong luwih tuwa umure, amarga kudu ngajeni.
Tuladha:
Mbakyu, matur nuwun wis maringi jambu aku.
3)
Ngajeni marang wong sing digunem (orang ketiga)
Tuladha:
Min, bu guru mau ndhawuhi nggarap tugas ing kaca pira?
Katrangan:
Kanggo
luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko lugu lan ngoko alus, coba
gatekna tuladha ing ngisor iki!
(1)
Ri, kowe duwe kamus basa Jawa apa ora?
(2)
Bapak wis kondur saka kantor.
Ukara
(1) kabeh tetembungane ngoko (yaiku tembung kowe, duwe, kamus, basa, Jawa, lan
ora). Ukara (1) mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko (ngoko lugu). Ukara
(2) iku tetembungane ngoko (yaiku wis, saka, lan kantor), nanging kacampuran
tembung krama inggil, yaiku tembung kondur. Tembung kondur iku basa ngokone
bali/mulih. Tembung bali/mulih ora digunakake ing ukara iku amarga kanggo ngajeni
wong sing digunem (orang ketiga), yaiku bapak. Yen tembung kondur kaganti
nganggo tembung bali/mulih, kurang trep karo undha-usuk utawa unggah-ungguh
basa.
Gatekna
ukara-ukara ing ngisor iki!
a.
Mbakyu, kowe mau mara dhewe apa sakulawarga?
b.
Aku diwenehi dhuwit dening Pakdhe.
c.
Dhik Joko, kowe saiki mulang ana ngendi?
Ukara
a, b, lan c iku tetembungane nggunakake basa ngoko kabeh. Mula, ukara-ukara iku
mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko lugu. Ananging ukara mau kurang
trep amarga ora manut unggah-ungguh (kaya katrangan sing wis dijelaske ing
dhuwur). Mula, ukara-ukara mau prayogane digawe ngoko alus.
a.
Mbakyu, panjenengan mau tindak dhewe apa sakulawarga?
b.
Aku diparingi dhuwit dening Pakdhe.
c.
Dhik Joko, panjenengan saiki ngasta ana ngendi?
Basa Krama alus
Basa
krama alus iku basa kang ngajeni banget. Kadhang ana sing ngarani basa krama
inggil. Kamangka istilah kasebut sejatine keliru. Krama inggil iku sing ana
mung tumrap tembung, yaiku tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung
kang digunakake kanggo nginggilake utawa ngajeni wong sing diajak guneman,
utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung krama andhap, yaiku tembung kang
digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe.
Wujude
krama alus dumadi saka tembung-tembung krama kacampuran tembung krama inggil
utawa tembung krama andhap, basane luwih alus lan ngajeni banget. Kaya dene
basa ngoko andhap, sing nganggo tembung krama inggil yaiku tembung sesulih
purusa, tembung kriya (panindake) lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake dhewe
ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena ngramakake awake dhewe), kepara
yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil sing digunakake
iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Kosok baline tembung
krama andhap iku kanggo ngandhapake awake dhewe.
Basa
krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu
dihurmati. Tuladha:
a.
Manawi Ibu badhe dhahar, mangga kula ladosi!
b.
Bapak badhe tindak dhateng Jakarta.
c.
Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat?
muhammad rifky adi saputra
BalasHapusMuhammad Alvin nur
BalasHapusMuhammad asrafi
BalasHapusFazri bintang
BalasHapus