Postingan

Kelas 7: Jinis Wayang

 Wayang, salah sijine saka kesenian Jawa sing wis diakoni pinangka warisan budaya dunia. Pagelaran wayang mujudake seni pertunjukkan sing mbutuhake seni musik, seni suara, seni rupa, seni tari, seni drama lan seni sastra. Yen dijingglengi saka seni sastra/kasusastran, crita wayang babone saka kakawin, kitab lan serat sing mujudaken asil karya sastra.           Jinise wayang ing Jawa mligine, lan ing Indonesia akeh banget, amarga meh kabeh daerah/wilayah ing Indonesia nduweni wayang kanthi ciri khas.Ing Jawa bae jenis lan babone crita uga beda-beda. Wayang purwa (kulit/ wong) babon critane saka kitab Ramayana lan Mahabarata. Wayang Golek lan wayang krucilbabon critane saka serat babad, serat menak lan crita rakyat. Wayang jemblung babon critane saka serat Ambiyak, wayang suluh babone crita saka kisah nabi Isa ing kitab Injil lan crita rakyat. Lan isih akeh maneh jenise wayang sing saiki wis langka lan bisa ditemoni ing museum kayata wayang beber, wayang...

Kelas 10: Cerkak lanjutan kemarin

 - Jinising tembung ing Titi Ukara Tembung dikelompokake kanthi lelandhesan saka awujud sarta prilakune. Tembung kang darbe wujud utawa prilaku kang padha utawa meh padha kalebu sakelompok dhewe, dene tembung liyane kang wujud lan prilakune padha utawa meh padha karo pepadhane, nanging beda karo klompok kapisan, kalebu ing klmpok liyane. Kanggo ngerteni apa wae jinising tembung lan tegese saben jinis tembung, isinen apa titik-titik ing ngisor iki! 1. Tembung Aran tegese tembung sing mratelakake arane samubarang  2. Tembung Kriya tegese tembung sing mratelakake solah bawa  3. Tembung Kaanan tegese tembung sing mratelakake kaanane samubarang 4. Lsp. - Ukara Kandha lan Ukara Crita Kanggo ngerteni apa sing diarani ukara kandha lan ukara crita, coba gatekna andharan ing ngisor iki banjur isine titik-titike kanthi jawaban sing trep! a. Ukara kandha utawa ukara langsung yaiku ukara sing diucapake sacara langsung marang wong sing diajak geguneman. Ukara kandha ditit...

Kelas 9: Pidhato

 Pidhato (Sesorah) Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: a. Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Awiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. b. Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. c. Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. d. Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) e. Panutup: Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindaktanduk. f. Salam panutup Ngaturake salam marang para rawuh. Mituru...

Kelas 8: Wawancara

 Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kuwi kudune wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake.  Tujuwan wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngeani sawenehe bab kanggo keperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten , lan sapanunggale. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber. Wawancara iki kalebu salah sijine cara kanggo golek informasi kanthi nakokake pitakonan marang narasumbere. Dene asiling wawancara bisa digunakake minangka: 1. Sumber utawa bahan nulis pawarta utawa nglaporake pawarta, 2. Bahan opini utawa pendapat kanggo tulisan ilmiah, umpamane arep nulis artikel lan panliten, 3. Bahan cerita kanggo sawijining tulisan sastra, umpamane arep nulis...

Kelas 7: Teks Narasi Wayang

 Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki: a. Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. 1) Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 2) Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung, ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa. b. Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe. c. Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur. Kang ana sajrone Stuktur Teks Narasi Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo t...

Kelas 10: Cerita Cekak

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyaritakake panguripan sabendina, kawangun kanthi basa padinan. Ewadene kanggo nambah kaendahane cerkak, pangripta migunakake basa kang mirunggan.   tegese kanggo nguripake crita uga mentingake lelewaning basa. Bab iki kanggo narik kawigatene pamaca lan nambahi daya sastra. Kang kalebu lelewaning basa yaiku; tembung entar, tembung saroja, purwakanthi, tembung Kawi, pepindhan, bebasan, lan sapanunggalane. Ciri-cirine cerkak: a.        Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat) b.       Isine padhet (ringkes) c.        Alur mung siji d.       Basane mentes e.        Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon Unsur intrinsik cerkak: 1.         Tema Tema yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita. 2.  ...

Kelas 9: Teks Drama Tradisional (Jaka Tarub)

 Jaka Tarub Sawijining dina, udan sing maune deres banget saiki wis mandheg. Swasana sore wis katon padhang. Ana kluwung njedhul ing sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik yen ana kluwung mratandhani yen ana widodari mudhun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nanging bener lan orane ora ngerti. Suwe ning suwe sumribit ana ganda wangi banget. Swarane kumrincing saka kulon. ADEGAN 1 Byur …byur Widodari abang : Senenge ya dhi bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan, wis seminggu ora adus, awake padha pliket kabeh Widadari Jambon : Pancen leres mbak yu, pancen seger Widodari Kuning : Hla inggih mbak yu, pancen toyanipun sendhang ngriki seger banget Widodari Ijo : Pancen leres pamanggihipun mbak yu lan adhiku kabeh sendhang ngriki sumber kang ora bisa asat amargi toyanipun kang sampun kawenthar segere. Widodari jingga : Nanging kita kudu ngati-ati, sampun ngantos konangan dening manungsa. Widodari wungu : Leres ngendikanipun kakang mbok jingga menika, upami konangan manungs...